Posts

Cara Janturan Wayang Kulit Purwa Jejer Dwarawati

Hong ilaheng. Hong ilaheng awigna mastu purnama sidham. Awigna mastu silat mring hyang jagatkarana, siran tandha kawisesaning bisana sana sinawung langen wilapa, estu maksih lestantun lampahing budda, jinantur tutur katula, tela tela tulat mrih labdeng paradya, winursita ngumpama paramengniskara, karana dya tumiyeng jaman purwa, winisudha trah ingkang dinama dama pinardi tameng lalata, mangkya tekapwasananinggupita, tan wung renggeng pralambang atumpa tumpa, manggung panggeng panggungung sang murweng kata. Anenggih negari pundi ta ingkang pinurweng carita samangke, ingkang kaeka adi dasa purwa, eka marang sawiji adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan, adi adining garba gupita datan wonten kadi negari ing dwarawati yo negara dwaraka, negari panjang punjung pasir wukir loh jinawi. Panjang marang adawa, punjung iku luhur, basa pasir ngarepake samodra, wukir ngungkurake gunung. Basa jinawi toya tumumpang, tulus kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinumbas. Agemah saha ripah, basa gema...