Cara Janturan Wayang Kulit Purwa Jejer Dwarawati

Hong ilaheng. Hong ilaheng awigna mastu purnama sidham. Awigna mastu silat mring hyang jagatkarana, siran tandha kawisesaning bisana sana sinawung langen wilapa, estu maksih lestantun lampahing budda, jinantur tutur katula, tela tela tulat mrih labdeng paradya, winursita ngumpama paramengniskara, karana dya tumiyeng jaman purwa, winisudha trah ingkang dinama dama pinardi tameng lalata, mangkya tekapwasananinggupita, tan wung renggeng pralambang atumpa tumpa, manggung panggeng panggungung sang murweng kata. Anenggih negari pundi ta ingkang pinurweng carita samangke, ingkang kaeka adi dasa purwa, eka marang sawiji adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan, adi adining garba gupita datan wonten kadi negari ing dwarawati yo negara dwaraka, negari panjang punjung pasir wukir loh jinawi. Panjang marang adawa, punjung iku luhur, basa pasir ngarepake samodra, wukir ngungkurake gunung. Basa jinawi toya tumumpang, tulus kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinumbas. Agemah saha ripah, basa gemah kathah janma dagang datan kendat, elur tan ana pedhote, basa ripah kathah janma ingkang gegriya aneng negari, pratandha eca manahe kawula alit, kebo sapi bebek ayam datan wonten kinandhangan, teka aglar munggwing pangonan, saking harjaning negari, dora cara sirna ajrih wilalating narendra, mboten wonten panjenenganing narendra ing rat jagat pramudita ingkang kasongan ing akasa, ingkang kagebeng ing muara, ingkeng kawengku ing samodralaya, ingkang kasenenan Sang Hyang Candra, ingkang kapadhangan Sang Hyang Surya, datan praja mirip wong agung ing Dwarawati punika luhur kawisesanira, pranyata wong agung ing Dworowati punika adil paramarta, tansah mule balaba ing brana, dana bog lumintu ing saben dina, ngupaya dasih utama, amemulang wong balilu, njangkung prang pupuh, ngapura lepating wadya, anggung titi priksa mintir pangreh utama. Panjenenganing narendra kinacek sasmitaning ratu, trus padhang tingale ageng obore, atebih kumarane tinenga-tenga ing parangmuka. Mila kasusra kajana priya saking negari liyan, yen ratu pinunjul kinasihan ing jawata, winongwong para bethara, kinamulen para widodari, tan supe muja samadi rinasuk suksma kawekas, tunggal rasa sajiwa ingaken sarira bethara, mumpuni ing aguna putus mring sandining dwihasta, wikan mring barang kang rungsit, tuhu titising sang hyang wisnumurti. Sinten ta dasanamanira Wong agung ing Dwarawati, dasa sepuluh nama aran, tegese kathah sesebutanira. Yeka ajejuluk Prabu Harimurti, ya Prabu Danardana, ya sang Bathara Kresna, ya sang Prabu Lengkawamanik, ya sang Sri Padmanaba. Mila jejuluk Prabu Harimurti, hari ateges kadang utawi jaman, murti kumpul, sedaya putra sentana miwah kawulawarga tan ana mrengkeng ing karsa, samaya amestuti sumuyut angguru gusti mring narendra. Mila ajejuluk prabu danardana, danar marang sesotya, dana marang paweweh, pranyata sri narendra datan ndanakaken rajabrananira. Mila ajejuluk Prabu Sri Bathara Kresna, bathara sesebutaning jawata, prasasat dewa ngejawantah, kresna ireng trus balung sungsume, narendra kena kinarya tumbal, ing pundi negari ingkang keparag ing pangering, lamun karawuhan nata ing dwarawati temah dadi mulyanira. Mila kathah para raja ing liyan sami amilala mring narendra Mila jejuluk Lengkawamanik, lengkawa ateges teja, manik mustika, pranyata nata dwarawati tansah katon tejane, pratandha mustikaning narendra. Mila jejuluk Padmanaba, padma ateges sekar, dening kagaduhan sekar wijayakusuma, naba padang utawi wening dayanira saget madhangaken marang pepeteng, yeka saget mulyakaken jalma palastra ing sajawining pasthi, mila pranyata sri nata dwarawati titising begawan padmanaba. Sang nata dwarawati ingkang tebih mangklung, ingkang celak tumiyung, kathah para raja maha raja ing liyan negari ingkang sami  ungkul datan sarana linawan paprangan, amung kaluhuran dening prabawaning narendra sami ajrih asih kumawula asrah bulubekti myang glondhong pangareng-areng guru bakal guru dadi, mintir tan ana kendhate lumados ing saben warsa. Kocapa, sakpunika sri narendra lagya kemenegan badra irawan, badra rembulan, irawan mandhungrem-reming driya katawangen binawur Sang Hyang Wisesa kawekas kawsapading cipta, wit labeting bangsa titah yeka tandha pamayanging jawata, duk nguni tanbuh pangucaping bethara, sru limut kabyataning rujit, dadya luhung lumembak marang purbaning sang hyang antaya. Kocapa ingkeng sowan inggih punika satriya parang garudha, raden samba ya raden wisnubrata, dhasar bagus 4inengga ing busana limpat pasanging grahita, anggung kacaket ing rama nata, ingkeng lenggah jajar menika satriya garbaruci raden setyaki, kapernah kadang nak sanak lan narendra, ing wurinira sang rekyana patih udawa ingkang pilenggah ing widarakandang. Kasambetan pisowaning wadya ambelabar ngebaki alun alun, mangaler dumugi pangurakan, mangilen dumugi wantilan, mangetan dumugi ing monggangan, awit saking kathahing wadya ingkang sami anangkil kadya andhoyong-ndhoyongna pacak suji kayu areng, ambelabar lir samodra ganpa tepi. Panggange maneka warna, ingkang saking salaka, suwasa, kencana, lan sesotya, soroting pating karen yep pating palancur, yen sinawang saking mandrawa lir pendah wana karembun mangsa. Kocapa, wong agung ing dworowati karsa miyos siniwaka, angrasuk busana keprabon, ri wusing sumekta, jajaran ingkang medal rumiyin, prajurit ingkeng caos hurmat, tambur slompret munya gumerah, sanjata ageng munya kaping tiga, cloroooott...gur.

Comments